Sabtu, 26 November 2016



                                                                STUDYTOUR ING BALI
                Pengalaman iki sengojo tak tulis kanggo tugas akhir amarga badhe nglaksanaaken semester ganjil.
Wektu iku aku pas kelas loro SMA study tour ing bali tanggal 11-14 April 2016.kaya apa perjalanan kui mangga pada disimak ing ngisor iki.
                Sakdurunge budhal  menyang bali, bengi iku aku nyiapaken barang apa ae sing arep digowo menyang bali sisuk mene sakwise nyiapaken aku banjur  istirahat supaya sisuk ora kawanen. Wektu jam 04.30 aku siap siap. jam 06.00 aku budhal menyang SMA aku lan kanca kanca pada kumpul ing ngarep sekolahan ngenteni kanca kanca liyane teko sakwise ngumpul kabeh , kanca kanca melbu bis e dewe dewe sing sampun ditentokake panitia. Wektu iku aku kebagian bis no.4 bis sing terakhir dewe. Jam 07.00 berangkat sakdurunge menyang bali, menyang UNAIR rumiyen,ning UNAIR kula lan kanca kanca sosialisasi tentang UNAIR kampus C. Kiro kiro jam 11 sosialisasi sampun rampung , sakwise iku padha mbalek menyang bis e dewe dewe , kiro kiro perjalanan 15 menit teko UNAIR kito nglaksanaaken sembahyang dhuhur berjamaah ing Masjid Agung Surabaya, sakwise sembahyang dhuhur kita padha dhahar awan bareng-bareng ,sakwise dhahar nglanjutaken perjalanan maleh...!!!
Moro-moro wis sore ae bis kabeh banjur mandek ing rumah makan bondowoso, nang kunu nedha bareng , shalat asyar lan shalat maghrib pian. Sakwise rampung kabeh kita nglanjutaken perjalanan nang pelabuhan ketaapang, kiro-kiro jam 22.00 sampun ndugi pelabuhan ketapang , neng kana kabeh mudhun saka bus mileh munggah mendhuwur kapal kanggo ndeleng pemandangan segara.wektu menuju kapal wonten lare-lare sing terjun ing segara kanggo njupuk dhuwit koin sing di lempar saka penumpang kapal ,lan akeh pangadol-pangadol panganan utawa asesoris sing nawakne dagangane .
                Kapal banjur mangkat, aku banjur lungguh ning kursi kapal sing sampun disediakno. Numpak kapal feri sekitar 1-2 jam yen ora  salah, sakwise mudhun teko kapal kapal feri banjur mbalik nang buse dhewe-dhewe nglanjutaken perjalanan nang tanah lot .sekitar jam 04.00(subuh) sampun ndugi tanah lot saklajenge aku lan kanca-kanca siram lan shalat subuh, sakmantune kula rencang-rencang lan guru-guru padha brangkat mlampah bebarengan menyang tanah lot ,kiro-kiro 15 menit sampun ndugi tanah lot ,ing tanah lot aku lan kanca-kanca mumeti tanah lot, foto bareng turis,dolanan banyu lan sakliyane sak jam sampun dilewati ing rumah makan Agung Bali sakwise sarapan blanja blanja ndolek oleh oleh ing toko Agung   terus mari ngunu mbalek nang bis ndek bis wis onok pemandu wisatane jenenge bli Aris , bli aris nyritakaken kabeh babagan kutha Bali, terutami kebudayaan bali,lan bahasa bali dalam perjalanan menyang bajra sandi , sakwise totok neng bajra sandi kula lan kanca kanca mlebet ten njeroh bajra kale dikancani bli aris ing njeroh bajra , kulo lan kanca kanca keliling moco  sejarah sejarah bali. Bajra sandi ngeh didamel poto preweding.kulo lan kanca kanca foto kale turis ndugi korea,nang bajra sandi rampung saklanjeng e ning pantai pandawa  ning mriko kulo lan kanca kanca namung lungguh lungguh mawon amargi panas banget. Gak suwe titik mbalik menyang bus terus ning dream land .ning dream land pemandangane biasa mawon sing akeh niku mung tiyang pacaran ning ndukur bukit . manton niku nedha lan blanja ning karang kurnia sak wise blanja langsung munggah bus perjalanan ning hotel . kinten-kinten jam 20.00 sampun ndugi ning HOTEL POP BALI , pas ndugi ning hotel aku bingung banget amargi mboten nemu kamar tapi aku lngsung gabung nang kamare kancaku.
               Isuk.e tangi turu langsung siram, manton siram siap-siap ning pantai kute tapi, sak derenge ning pantai kute sarapan isuk ning hotel pop ... manton sarapan langsung brangkat ning pantai kute numpak kendaraan khas bali ... ning kute aku lan kanca-kanca  foto-foto, mlaku-mlaku, guyonan lan sak liyane.
Balek teko kute langsung nang hotel mundhut barang-barang lan oleh-oleh , sakwise mundhut langsung pada numpak bise dhewe-dhewe  ... tapi kiro-kiro ngenteni 30 menit ora brangkat-brangkat
Ehhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh tibak.e ndolek,i kanca ku sing ora numpak-numpak ning bus ,dikirakno guru arek.e kari ning pantai kute , pas di dolek.i mumet-mumet tibak.e dienak-enakno turu ning hotel... sakwise ketemu langsung brangkat ning joger , ning joger barange larang-larang , sakwise nang joger  langsung perjalanan ning bedugul, sakdurunge nang bedugul nedha rumiyen.... teko bedugul langsung mudhun teko bis , ning bedugul melbune mbayar 10000 ...wis melbu langsung mumet-mumet bedugul lan foto baring turis, suwe ning bedugul akhire nang bus .. perjalanan mulih ning bus padha turu kabeh .. moro-moro wis tutuk pelabuhan gilimanuk,ning pelabuhan padha mudhun teko bus munggah ning ndukur kapal ninggali pemandangan , sekitar 1 jam sampun teko pelabuhan ketapang banyuwangi , mudhun kapal terus munggah nang bus nglanjutaken perjalanan moleh sakdurunge moleh mampir nang rumah makan sakwise nedha langsung nang bis maneh... ning bis kanca-kanca padha turu kabeh amargi sampun kepegelen ..moro-moro pas totok alas aku di gugah koncoku di sodohno alas kang dawa lan peteng bangeeeeet tibak.e iku alas purwo .... ning probolinggo mandek diluk ndolek oleh-oleh ,sakwise ndolek langsung notokno perjalanan mulih ,  jam 24.00 ndugi SMA N 1 DAWARBLANDONG  kanti slamet . wis mari ngunu padha disosol tiyang sepahe dewe dewe banjur  mulih nang omah , iki kish perjalananku sewaktu study tour  nang bali , sepuntene nek mboseni...!!!!!


 Created :
        AYU RAHMANIA SAFITRI/XII IPA 3/ 09
        DYNA LETTYA RAHMANIA / XII IPA 3/ 14